Kamis, 26 Mei 2011

Jum'at, 20 Mei 2011

Dino Jum'at, tanggal 20 wingi nang warugunung ono Orkes reek...
yow masi gag orkes sing terkenal koyok Palapa, Sera utowo sing liyane, tapi masyarakat warugunung sweneng bwanget. Orkes iki acara hajatan nikahane Mbak Sunarti tonggoku, bojone lali aku jenenge... hehehehehe

Jenenge Orkes ARJUNA, masi gag patek terkenal jenenge, maine gag kalah karo Orkes Gede-gede paling bedo mek titik. Orkes iki dimulai ket sore reek, mari isya' wes mulai. kiro-kiro jam 20.00 (8 bengi) sampe jam rolas bengi. acarae seru bwanget.... sing nyanyi seksi-seksi. Biiiiuuuuhhh.... pakaiane menggoda selera,, hehehehe, nek jek cilik gag oleh moco nemen lho yow... wkwkwkwkwk.....

Sing nontok kabeh podo ndomblong, ngowoh ero jogete sing nyanyi... arek cilik-cilik podo munggah panggung, ndangar ndok nisore sing nyanyi... (astaghfirullah arek-arek cilik iki wes podo ngerti ngunu iku opo yow???)

yow mugo-mugo poro wong tuwo sing tanggap nek ndidik anake, hiburan se olehae, wong oleh ijin, tapi nek koyok ngene iki kudu ono bimbingan teko wong tuwo arek-arek cilik. Ben mene gag terjerumus nang lembah hitam nek wis gede (koyok wong temen ngomonge) hehehe.

wis sak meneae reeekk critaku... sepurane nek ono sing gag trimo :D

Tidak ada komentar:

Posting Komentar