Rabu, 24 November 2010

DESA WARUGUNUNG

Desa warugunung iki panggonane nok Kota Suroboyo, tepak'e onok nang pojok kulon dewe kota Suroboyo, perbatasan antarane Suroboyo karo Gresik. Warugunung iki iso di omong deso sing tentrem ayem lang kadang yow iso di omong deso sing gaene gawe kisruh. Tapi meski ngono, penduduk warugunung iki yow apik-apik. Tapi yow ojo kaget nek warugunung iki yow ono penduduk sing ketus, gag ngerti tonggo lan maceme watak penduduk liyane sek akeh.

Dadi gag kaget nek warugunung iki nang jobo deso dikenal wong, sebagai kampung sing rawan karo kekerasan, amargo akeh pemuda-pemuda'e sing seneng tawuran. Tapi ojo kliru disek, pemuda warugunung iki nek gag di garai disek gag bakalan dadi koyo ngunu iku, tapi nek digarai disek dadine yow koyo kucing kidek'an buntute. Iso ngamuk lan gak roh dhor.

Tapi ojo wedi rek, pemuda-pemuda warugunung iki asline apik-apik lan ramah-ramah. Sek ngerti sopan santun lan sing paling mbecik'i, pemuda warugunung iki nek ambek wong tuo'e gag isok'an, masio gag kerjo, tapi ngrokok, pemuda-pemuda warugunung iki iso tuku dewe teko hasil ngamen. Liyane iku, pemuda-pemuda warugunung iki podo kompak, kerjo gag kerjo sing penting ngumpul. Sing duwe duit siji, ibarat tuku sego sak piring dipangan wong akeh. Dadi "mangan gag mangan sing penting ngumpul mbasi mek ono rokok sak iji di sedot bareng sing penting HAPPY". Iku kekompakane arek warugunung.

Ojo mikir elek rek,,,!!! Pemuda warugunung iki wes podo kerjo kok, mbasi gag kerjo ngono iku paling mari di tokno teko pabrik amargo kontrak'e entek, tapi mari ngono langsung golek kerjo maneh kok.

Gag pemudae tok poro bapak-bapak, ibu-ibu, mbah-mbah, buyut-buyut iku yow podo kompak kabeh, contone : ono paguyuban TAHLIL bapak-bapaik lan ibu-ibu, ono kegiatan senam LANSIA, lan liyan-liyane. Mengkono ojo wedi yow rek nek dolen nang warugunung...!!!


SURABAYA-WARUGUNUNG

2 komentar:

  1. ahahahhahah warugunung banget bahasane!!!
    kadang aku ngeri lek mlaku nang gang mburi panci, areke sangar2, tapi pas tak delok tak tamatno ternyata koncoku dewe ahahahha... mbleyot pancen aku.
    keep mposting ki!!

    BalasHapus
  2. yaw iyaw lah mbak, kan judulnya aza AREK WARUGUNUNG :D

    manbkanya mbak dah berapa thn hdup d warugunung, msk masih takut..??? semuae tu konco-koncone awak dewe mbak....

    dadine nyantaiae.... hehehehe

    BalasHapus