Rabu, 24 November 2010

GUNUNG BAJOL WARUGUNUNG

Konco,,, wes podo ro po gag??? nek nang warugunung iki, biyene ono gunung sing sempat aktif lan mbledos sepisan tok. Penduduk ngarani gunung iku, gunung bajol. Gunung iki panggonane ono nang pinggir lor'e kampung warugunung, biyen gunung iki ketok duwur lan apik nek di delok teko dhow'an. Nang lereng gunung iku ono sumur tuwo, wong-wong ngarani sumu iku, sumur BUMI. Sumur iki di anggep sumur keramat karo penduduk warugunung, amargo iso marasno segala macem penyakit. Lan wong sing tani nang cidek'e sumur iku, nyiram sawahe karo banyu iku, lan percoyo hasil panen lan tandurane iso urip lemu-lemu karo jarang dipangan ambek wereng.


JARENEE.... sopo'ae nek nang sumur bumi iku terus ngombe banyune, gag oleh ngenyek utowo ngomong elek sumur iku, mergo ngkok iso kenek musibah, utowo penyakit sing angel di warasno, siji-sijine cara cek iso waras, yo kudu njaluk sepuro nang si-mbah sing nunggu sumur iku. Tapi kabeh kedadean sing tak critakno iki, wes tau kedadean temenan. Mangkane akeh penduduk sing percoyo.

Tapi sak iki gunung bajol iku wes gag aktif rek, gag ngono tok tapi yow wes meh ilang gununge, amargo dikeruk'i karo wong proyek gawe nguruk lemah ledok nok pinggire, sing sak iki dadi pabrik-pabrik lan guwak'ane limbah pabrik iku. Lan sing biyene sawah ijo royo-royo, gemah ripah lohjinawi, sak iki dadi bek pabrik, perumahan, lan omah susun. WARUGUNUNG sing ijo biyen wes ilang, sak iki dadi kawasan Industri sing di padeti penduduk. Sing biyen howone sejuk, seger sak iki dadi puwanase gag karuan. Ngalah-ngalahi RUNGKUT INDUSTRI.

Opo goro-goro iku biyen yow rek desane awak dewe iki di jenengno DESA WARUGUNUNG???? ewangono aku golek informasi yow rek....!!! ojo lali nek buka blog iki tinggalno komentar sing membangun.

WARUGUNUNG-SURABAYA




Tidak ada komentar:

Posting Komentar